Klik Satu Kali Itung2 Amal Gan

Tugas Sesorah Bahasa Jawa

Diposting oleh Blog For Funz on Selasa, 26 Juli 2011

Assalamualaikum Wr. Wb

Bapak saha Ibu Guru SMA N 5 Yogyakarta ingkang kinurmatan lan para kanca ingkang
kula tresnani.
Sakderengipun matur , sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur wonten
ngarsonipun ALLAH SWT ingkang sampun maringi kanugrahan saha kesehatan
katitik kula panjenengan sedaya sami saged makempal ing adicara menika tanpa
alangan satunggal menapa.
Salam shalawat mangga tansah kaaturaken dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, mugi-mugi safaatipun anumrapi dumateng kita sedaya mbenjang wonten ing yaumil qiamah, amin.
Bapak saha Ibu ingkang dahat kinurmatan,
Ing jaman saiki, senengane kathah kang ngagem cara dicampur-campur. Wiwit
ngagem basa jawa ing saben dinane, nyandang nkegagem sandangan kang wonten
ing TV, pentas seni ing panggung hiburan, lan lagu-lagu. Suwening suwe, anggone
ngaggem cara dicampur iku sampun mbalung sungsum dados kabutuhan.
Campuran Ing babagan musik / gamelan , ingkang sampun kerep keprungu, yaiku
campursari. Campursari iku iringane ngagem alat-alat kang jenenge gamelan
dicampur kalih alat-alat seni music. Campurane sampun dilaraske, mula kepenak
dirungokake lan nyamleng suarane. Campusari saged dados hiburan marang sinten
kemawon. Buktine enom tuwa, priya wanita, kathah kang remen.
Campursari iku anggone wiwit ana, sanes dadakan. Sebut kemawon Pak Manthous
saka Gunung Kidul, sampun wiwiti kinten-kinten taun 1970-an. Ing saiki kajaba
ana Manthous, ana uga jeneng Didi Kempot, Nurhana, lan liya-liyane kang
kondhang lagu-lagune campursari.
Ing jaman sakniki, kesenian iku sampun ngalami owah gingsir. Bab penyanyine
sing biasane ngaggem kebaya, nanging sakniki pun mboten ngaggem malih, yaiku
malah mung ngaggem klambi-klambi sing model sakniki. Iringane uga ngalami
owah-owahan. Mboten namun gamelan prasaja nanging uga ana kang ketambahan
alat music elektronik, kayata : trompet, drum lan orgen.
Bapak saha Ibu ingkang kinurmatan,
Mangga kita kedhah nglestarekake budaya kita supaya tetp utuh lan tetep lestari ing majuning jaman menika. Mugi – mugi wigatining sesorah menika saged kita pendet manfaatipun kagem kita sedaya. Minangka panutuping atur, mbok bilih wonten kalepatan kula nyuwun pangapuntun. 

Wassalamualaikum Wr.Wb 

Lailia Saras Dhati

{ 0 komentar... read them below or add one }

Posting Komentar

Artikel Terpopuler